Lime Electricity Lightning

Contoh Teks Wawancara Basa Jawa ( Wawanrembug)



Narasumber : Bapak Sumadi (Pengusaha Kontraktor Alat Berat)


Wawancara     : Asssalamu’alaikum, Sugeng enjing pak, kula lan kanca-kanca menika siswa                        saking( sekolah )  badhe nyuwun wekdal panjenengan kangge wawanrembug                       sahanipun bapak kangge tugas saking Ibu guru, punapa saged pak ?

 

Pak Sumadi     : Nggih mangga.
Wawancara     : Ingkang kaping setunggal kula kepengen ngertos identitase bapak.                                      Asmane bapak punika sinten nggih ?
Pak Sumadi     : Namane kula Bapak Sumadi.
Wawancara     : Bapak sampun gadah garwa lan lare menapa dereng ? Lan wonten pinten ?
Pak Sumadi     : nggih kula sampun gadah lare 4 lan garwane nggih namung setunggal.
Wawancara     : lah yuswanipun bapak pinten ?
Pak Sumadi     : Umure bapak sampun 52 taun.
Wawancara     : Nah seniki bapak saweg ngasta usaha nopo ?
Pak Sumadi     : Usaha bapak seniki kontraktor alat berat, ingkang diwiwiti saking taun 2003                      dugi seniki .
Wawancara     : oh sampun dangu nggih pak, lah ingkang pertama modalipun bapak kangge                        saha menika pinten lan saking pundi ?
Pak Sumadi     : Ya modal pertama wekdal menika mung 65 juta kangge kredit alate. wekdal                      menika se-alate regane 180juta. Berarti bapak aweh kredit uang muka 65juta                          kangge 3 tahun pas menika nggih teksih nol gede, istilahe nggih usaha                                dereng wonten hasile. Lah 3 taun menika saged lunas. Dateng bose diparingi                            2 kredit malih amarga dipercaya dateng bose lan jumlah regane 460juta                  wekdal menika bapak nyekel duit satus juta dados total utange bapak 360                          juta lan sambi njalanake usahane, bapak bisa setor, lan dugi tahun 2015                                 bapak due omset 1,6 miliyar. Nah siki alate bapak due 7 unit.
Wawancara     : Berarti supados saged sukses kados menika, usahanipun bapak saking nol                           nggih pak. Lah sederengipun usaha kontraktor kados menika usahanipun                 bapak dados napa pak ?
Pak Sumadi     : Sederenge bapak usaha dados kontraktor bapak kerja dados mekanik alat                           berat. Tapi amargi dipercaya dateng bose, bapak di angkat dados pimpinane.
Wawancara     : Lah seniki bapak mpun gadah karyawan pinten lan tugasipun napa mawon ?
Pak Sumadi     : kira-kira bapak gadah karyawan 18 lan tugase bidang operator alat berat lan                       mekanik alat berat. Operator kerjane mengendarai alat besar.
 Wawancara    : Lah usahanipum bapak menika wonten pundi ?
 Pak Sumadi    : Usahane bapak nang daerah banyuwangi lan jember. Nama perusahane Daya                      Cipta, usahane bapak teksih wonten dateng naungane perusahaan bose                                 bapak, dados teksih manunggal kaliyan usahane bapak sing sedurunge.
Wawancara     : Punapa ingkang dados sebab panjenengan milih usaha punika Pak ?
Pak Sumadi    : ya menungsa uripkan kan istilahe pengin wonten kemajuan, lan wonten                   kesempatan kangge usaha menika amarga dinei kredit alat lan anggaran                            saking bos gedene.
Wawancara     : Proses kerja wonten perusahaanipun bapak menika kados nopo pak ?
Pak Sumadi     : Mbuka lahan kangge mbangun irigasi, perumahan lan macem-macem lah,                            namane ugi alat berat.
Wawancara     : Sedoyo usaha ugi wonten pasang surutipun nggih pak. Lah tindakanipun                            bapak kangge ngadepi surutipun usaha kados menapa pak ?
Pak Sumadi     : Usahane bapak kanggo ngadepi surute usaha nggih damel program kerja.                            kados usaha pertanian ingkang digarap garwane bapak, menawi usahane                  bapak sampun stabil malih artonipun di wangsulna.
 Wawancara    : Oh kados niku pak. Suka dukanipun bapak usaha menika pripun Pak ?
Pak Sumadi     : Senenge dados usahawan menika menawi saweg wonten maju nggih                                  pendapatane ugi tambah, benten kaliyan karyawan ingkang gajine tetep.                    Dukane nggih menawi tagihane mboten cair lan kangge tumbas sparepart.
Wawancara     : Pesen-pesenipun bapak kangge muda-mudi seniki kados pundi Pak ?
Pak Sumadi     : Pesenipun bapak dateng para muda-mudi nggih sami sekolah ingkang leres,                        ngadoi narkoba lan miras. Ugi menawi wonten masalah nggih dirembug                     sareng-sareng kaliyan orangtua.
Wawancara     : Nggih matur nuwun sanget pak sampun maringi wekdal lan informasi                                 dateng kula lan kanca-kanca sedaya. Mugi-mugi usahanipun bapak saged                  lancar. Cekap sementen mawon Pak, mbok bilih kula lan kanca-kanca katah                          kalepatan nyuwun pangapunten. Wassalamu’alaikum.



0 komentar: