PIDATO BAHASA JAWA SAMBUTAN ACARA PERPISAHAN KELAS IX
PIDATO BAHASA JAWA “SAMBUTAN
PERWAKILAN KELAS IX PADA ACARA PERPISAHAN”
Assalamu'alaikum wr. wb.
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak -
Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang - rencang kelas 9 ingkang
kula tresnani.
Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng
Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan
dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara
perpisahan sak manika.
Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9
ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru
ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika
ingkang dangunipun tigang warsa.
Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun
ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara
menika, kulo kiyambak tuhu rencang - rencang nyuwun agenging pangapunten
sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten
pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun
sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken
sedoyo kelepatan kulo lan rencang – rencang.
Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe
nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun
kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah
nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan
rencang - rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.
Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih
menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.
Wasslamu'alaikum wr. wb.
0 komentar: