Lime Electricity Lightning

Teks Pranatacara pembawa acara bahasa jawa



TEKS  PRANATACARA (PEMBAWA ACARA) PERPISAHAN
BAHASA JAWA

Assalamu’alaikum Wr.Wb

            Para rawuh ingkang satuhu kinormatan, mangga kita ngaturaken puji syukur dumateng Gusti ingkang Maha Agung , ingkang sampun maringi mapinten-pinten kanikmatan, kasarasan, lan karohmatan  saengga kita saged kempal wonten ing papan puniki acara Perpisahan kelas IX SMPN 2 Genteng angkatan 2014/2015 tanpa alangan punopo .
            Sholawat serta salam tansah kita ngaturaken marang Nabi Agung kita Muhammad SAW , ingkang kita anti-anti safa’attipun ing yaumul qiyamah . amin
            Para rawuh ingkang kula kurmati , saderengipun adicara kawiwitan kepareng kula ngaturaken tuntuting adicara ing enjing menika .
1.      Pambuka
2.      Pangandikan-pangandikan
3.      Sumening
4.      do’a
4.      Pungkasan

Bapak ibu lan sederek sedaya mangga kita buka kanthi waosan basmallah
mugi-mugi acara punika saged lancar .
            Acara saklajengipun pangandikan , pangandikan ingkang sepindhah menika saking  kepala sekolah , dumateng bapak Supriyadi  kula sumanggakaken .
(.......)
            Matur suwun dumateng bapak Supriyadi  ingkang sampun maringi pangandikan .
            Pangandikan ingkang kaping kalih inggih menika saking komite sekolah
(.......)
            Matur suwun dumateng komite sekolah ingkang sampun maringi pangandikan.

            Pangandikan ingkang kaping tiga inggih menika wakilipun kelas IX , dumateng .... kula sumanggaken .
(......)
            Matur suwun dumateng .... ingkang sampun maringi pangandikan.

Pangandikan ingkang kaping sekawan inggih menika wakilipun bapak/ibu guru
(......)  atur nuwun dhumateng .....ingkang sampun maringi pangandikan.

            Adicara saklajengipun inggih menika atur pambagya saking ketua OSIS minangka wakilipun siswa kelas 7 lan 8 . Dumateng ... wekdal saha papan kula sumanggaken.
(......)
            Matur nuwun dumateng ketua OSIS , mugi-mugi andadosaken penggalih panjenengan sedaya .
            Acara saklajengipun inggih menika sumening , gegandhengan sampun cumwis daharan saha unjukan monggo kita dahar sesarengan.
Mboten ngirangi anggenippun dahar lan ngunjuk mangga kita sesarengan ndongo menurut kapercayaan kita.....
Mekaten matur nuwun,kita  tutup acara puniki kanthi waosan  hamdallah ...
           
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

3 komentar:

  1. Thanks gan , blognya gg gan

    BalasHapus
  2. Harrah's Cherokee Casino to reopen with 50th day of gaming
    Harrah's 진주 출장마사지 Cherokee Casino in Cherokee, N.C. 공주 출장마사지 (N.C. News) - 용인 출장안마 With the 김포 출장샵 addition 양주 출장마사지 of a 50-story hotel tower, it's still far from the

    BalasHapus